SERAT WEDHATAMA PUPUH KINANTHI
Pupuh kinanthi asale sangka kata “kanthi” kang anduweni arti nggandeng utawa nuntun. Watake seneng, tresna asih, mitutura, nuladani, mula lumrahe kanggo menehi pitutur lan crita kang nelakake rasa tresna asih.
Paugeran
· Guru Gatra : 6
· Guru Wilangan : 8, 8, 8, 8, 8, 8
· Guru Lagu : U, I, A, I, A, I
Tembang
|
Tegese
|
Mangka kanthining tumuwuh,
Salami mung awas eling,
Eling lukitaning alam,
Dadi wiryaning dumadi,
Supadi nir ing sangsaya,
Yeku pangreksaning urip.
|
Mangka kanggo sanguning urip,
Selawase kudu awas lan eling,
Ing mlaku kudeh ati-ati,
Eling marang pertandani urip,
Supaya adoh sangka sangsara,
Yo ngono carane nglakoni urip.
|
Marma den taberi kulup,
Angulah lantiping ati,
Rina wengi den aneda,
Pandak-panduking pambudi,
Bengkas kahadaning driya,
Supaya dadya utami
|
Mula sregepa anak-anakku,
Sinau netepi ati,
Rina wengi den upaya,
Mrasuk ing sajroning ati,
Ngilangake napsu,
Supaya dadi wong kang utama
|
Pangasahe sepi samun,
Aywa esah ing salami,
Samangsa wis kawistara,
Landhepe mingis mingis,
Pasah wukir reksamuka,
Kekes srabedaning budi.
|
Ngasah ing alam sepi (semedi),
Aja nganti leren sadurunge ngrasuk ng awak, Yen wis ketara upaya, Landhepe luar biasa, Ngiris gunung gedhe, Bisa ngilangi pepalangane budi pekerti. |
Dene awas tegesipu,
Weruh warananing urip,
Miwah wisesaning tunggal,
Kang atunggil rina wengi,
Kang mukitan ing sarkara,
Gumelar ngalam sakalir.
|
Dene wespada iku tegese,
Weruh apa kang dadi ngalangi urip, Serta kekuasaan kang Maha Esa, Kang nduweni rina wengi, Ora bisa dikabulna, Bakal mbukak alame ndonya |
Ayawa sembrana ing kalbu,
Wawasen wuwus sireki,
Ing kono yekti karasa,
Dudu ucape pribadi,
Marma den sembadeng sedya,
Wewesen praptaning uwis.
|
Aja nganti sembrana ning ati,
Waspada marang pangucapanmu,
Ning kono bakal kerasa,
Ora pangucapane dhewe,
Mula kudu tanggung jawab,
Nganti apa sing desembadaaki tuntas.
|
Sirnakna semanging kalbu,
Den waspada ing pangeksi,
Yeku dalaning dalaning kasidan,
Sinuda saka sathithik,
Pamotahing nafsu hawa,
Linantih mamrih titih.
|
Ngilangaki rasa mamang ing ati,
Den waspada marang pandelengmu,
Mengkono kui dalan kang apik,
Sudanen sangka sithik-sithik,
Kepenginane hawa nafsu,
den latiha supaya sempurna.
|
Aywa mematuh nalutuh,
Tanpa tuwas tanpa kasil,
Kasalibuk ing srabeda,
Marma dipun ngati ati,
Urip keh rencananira,
Sambekala den kaliling
|
Aja kulina tumindak ala,
Tanpa guna tanpa kasil,
Kena marang gangguan,
Mula diati-ati,
Urip kui akeh panggodane.
Panggoda kudu diperhatikna.
|
Upamane wong lumaku,
Marga gawat den liwati,
Lamun kurang ing pangarah,
Sayekti karendhet ing ri,
Apese kasandhung padhas,
Babak bundhas anemahi.
|
Saumpama wong melaku,
Dalan kang bebaya dilewati,
Yen kurang ati ati,
Bisa kena ri(pepalang),
Apese kya kesandung watu,
pungkasane kelara-lara.
|
Lumrah bae yen kadyaku,
Atetamba yen wus becik,
Duwey kawruh sabodhag,
Yen tan nartani ing kapti,
Dadi kawruhe kinarya,
Ngupaya kasil lan melik.
Meloke yen arsa muluk,
Muluk ujare lir wali,
Wola wali nora nyata,
Anggepe pandhita luwih,
Kaluwihane tan ana,
Kabeh tandha-tandha sepi,
|
Lumrah wae yen mangkono,
Golek tombo yen bablak, Sanadyan duwe ilmu akeh, Yen ora padha karo tujuan, Kawruh mung dienggo, Ngupaya kasil lan pamrih.
Omongane muluk-muluk
Omongane kaya wali, Bola-bali ora ana asile, Anggepe dheweke nduwe, Kaluwihane ora ana, Kabeh iku prantarane jiwa kang kesang. |
Kawruhe mung ana wuwus,
Wuwuse gumaib-gaib,
Kasliring thithik tan kena,
Mancereng alise gathik,
Apa pandita antiga,
Kang mangkono iku kaki.
|
Ngrlmune mung omongan thok,
Omongane digawe-gawe, Disenggol sitik ora kena, Muring-muring alise gathik, Apa kuwi kang diarani pandhita palsu, Kang kaya kuwi anakku. |
Mangka ta kang aran laku,
Lakune ngelmu sejati,
Tan dahwen pati openan,
Tan panasten nora jail,
Tan njurungi ing kahardan,
Amung eneng mamrih ening.
|
Mangka ta sing diarani laku,
Lakune ngelmu sejati, Ora kena iri/ngurusi liya, Ora kena panas ati lan jail, Ora ngelampiasake amung nafsu, Kang ditindhakake amung anteng. |
Kaunanging budi luhung,
Bangkit ajer ajur kaki,
Yen mangkono bakal cikal,
Thukul wijining utami,
Nadyan bener kawruhira,
Yen ana kang nyulayani,
|
Luhure budi pekerti,
Gampang srawung sapa wae, Yeku bakal thukul ilmu, Tukul ilmu kang utama, Nadyan bener ilmune, Kadang ora ana sing bedha. |
Tur kang nyulayani iku,
Wus wruh yen kawruhe nempil,
Nanging laire angalah,
Katingala angemori
Mung ngenaki tyasing lisan,
Aywa esak aywa serik.
Yeku ilapating wahyu,
Yen yuwan ing salami,
Marga wimbuh ing nugraha,
Saking heb Kang Maha Suci,
Cinancang pucuking cipta,
Nora ucul-ucul kaki
|
Kang ngulayani/ngelmu,
Biasane ilmune cethek, Nanging uripe sing rukun, Katingala sing becik, Mung bisa kepenak atine liya, Aja lara ati lan serik.
Yaiku perantarane yen arep entuk wahyu,
Yen lega salawase, Mula iso entuk anugrah, Saking sabda Gusti, Ditali ing pucuke cipta, Ora ngarah ucul anakku. |
Mangkono ingkang tinamtu,
Tanpa nugrahing widhi,
Mamrih ta kulup den bisa,
Mbusuki ujaring janmi,
Pakoleh lair batinnya.
Lir leluhur nguni uni,
|
Kaya kuwi siasane wong urip,
Entuk anugrahe Gusti, Mula sinau sak bisa-bisane, Etok-etok ujare manungsa, Supaya entuk katentremen, Kaya ngono kuwi budine sing becik. |
Pantes tinulad tinurut
Laladane mrih utami,
Utama kembanging mulya,
Kamulyaning jiwa dhiri,
Ora ta yen ngeplekana,
Lir leluhur nguni uni.
|
Pantes dadi tuladha lan ditiru,
Saranane dadi wong kang utama, Iku kembang kamulyan, Kamulyane jiwa raga, Masio ora persis, Kayata leluhur biyen |
Ananging ta kudu-kudu,
Sakadarira pribadi,
Aywa tinggal tutuladhan,
Lamun tan mangkono kaki,
Yekti tuna ing tumitah,
Poma kaestokna kaki.
|
Ananging sira kudu ngupaya,
Miturut kemampuane awake dhewe, Aja ninggal patuladan, Yn sira ora nglakoni, Mati bakal dadi kang rugi, Mangka lakonana anakku. |
Tembang